Kamis, 28 April 2011

Semar



Semar putra sang hyang tunggal lan dewi wiranti. Dheweke duwe sedulur loro yaiku sang hyang antaga lan bathara guru. Sedulur telu kuwi mau asale saka endhog sing sumuwar. Nalika endhog mau dipuja dening sang hyang tunggal pecah, kulite dadi togog, putihe dadi semar, kuninge dadi bathara guru. 

Nalika semar isih ana kahyangan semar jenenge sang hyang ismaya lan garwane dewi kanastrI, dene putrane semar ana sepuluh. Jenenge sing liya semar iku antarane: saron sari, ki lurah badranaya, nayantaka ismaya. Semar duwe watak sabar, jujur, ramah, seneng nglucu. Sawise ana ndonya semar dadi punakawan momong marang para satriya. Awake gendut,cendhek rupane lucu sebab mripate tansah mbrebes wae.semar, gareng, petruk, bagong diarani punakawan. 

Punakawan tansah melu mbela marang bebener lan nglipur marang bendarane nalika sedhih. Watake semar becik, uga dadi paranpara (penasehat) kang wicaksana ora nesu, seneng guyon. Nalika semar nesu ora ana sing bisa ngelingake kejaba sang hyang wenang. Semar tansah momong marang bandarane ing nalika susah, seneng, kena coba kanggo tumuju marang kamulyan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar