Kamis, 28 April 2011

Ngunduh Semangka

Dina Minggu wanci jam 10.00 awan Budi melu kangmase menyang sawah. Kangmase arep ngundhuh semangka. Semangkane wis umur udakara rong sasi, wayahe diundhuh. 

Tekan sawah atine budi seneng banget. Budi kemecer weruh semangka wiji kang gedhe-gedhe lan pating glundhung ing tengah sawah. Deweke kepengin banget enggal ngicipi. Bab iku kegawa saka panase srengenge ing dina iku.  

Nalika kangmase wiwit methiki, Budi uga ngrewangi sabisane. Semono uga nalika ngusungi, Budi uga ngusungi liwat galengan nuju menyang pinggir dalan. 

Kira-kira jam 12.00 pamethiking semangka rampung. Budi kerasa lega, jalaran banjur  bisa ngrasakake semangka kang lagi bae pecah. ''seger'', ngono batine budi. Budi mulih saka sawah sawise semangkane rampung ditimbangi Budi. Budi mulih saka sawah sawise semangkane rampung ditimbangi lan dibayar dening bakul. Rega semangka sekilone Rp. 800,00.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar